Aku Dudu RojoAku pancen wong sing tuno aksoro
Ora biso nulis ora biso moco
Nanging ati iki isih nduwe roso
Roso tresno koyo tumprape manungso
Aku pancen uwong cilik rakoyo rojo
Biso mangan wae aku uwis trimo
Nanging ati iki isih nduwe roso
Jroning batin sak tenane pengen kondho
Ban SerepJarene tresno karo aku
Nyatane selak karo batinmu
Janjine tresno sak lawase (janjine)
Prek ketek cukup sakmene wae
Sak karepmu nduk cah ayu
Uwong endi pilihanmu
Pilih dudo opo sing joko
Iklas aku lilo
Banyu LangitSworo angin angin sing ngeridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pingin nangis ngetoke eluh neng pipi
Suwe ra weruh senadyan mung ono mimpi
Ngalemo ngalem neng dadaku
Tambanono roso kangen neng atiku
Ngalemo ngalem neng aku
Ben ra adem kesiram udan ing dalu
Goyang SemarangKlintong-klintong numpak andong ngebel klingklong (klingklong)
Grayah-grayah sak’e kosong kanthong bolong
Adik’e ngadang adendang goyang semarang
Imbalane bonang kendhang rebab gambang
Ilang samar atiku ora sumelang
Ora cemplang kumandang goyang semarang
Klintong-klintong numpak andong ngebel klingklong (klingklong)
Grayah-grayah sak’e kosong kanthong bolong
Kalung EmasKalung emas sing ono gulumu
Saiki wis malih dadi biru
Luntur koyo tresnamu
Luntur koyo atimu
Sak iki kowe lali karo aku
Kalung emas kuwi mbiyen tak tuku
Tak pasrahke mung kanggo sliramu
Gedhe roso tresnaku
KangenPitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong ayu kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati
Jenang gulo yo dek yo mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati
Ketaman AsmoroSaben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Nyesake atiku sansoyo nelongso
Ketar KetirKetar ketir ati tansah ketar ketir
Yan tak pikir aku koyo lampu senthir
Kelap-kelip mobat-mabit
Yen lagi keterak angin sing semribit
Dik aku gelo
Sliramu sing tak tresnani jebul mentolo
Dik sliramu pamit arep lungo
Jroning ati rasane keloro-loro
Layang KangenLayangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku
Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku
LiloSak rambut wae aku ora lilo
Endahe katresnan mung tekan semene
Sumandhing ning uripku dadi panglipur atiku
Ilang ratanku ilang
Sewu janji sing tak tandur ning ati
Entek mati kesiram panasing ati
Sopo wonge ora loro ugo keronto-ronto
Tresnamu jebul tresno palsu
Loro LopoTak rewangi loro lopo
Nganti lali dino
Rino lan wengi ora biso lali
Mung eling sliramu kuwi
Nanging aku koyo-koyo
Koyo ra percoyo
Ora tak nyono aku ora ngiro
Saiki kowe cidro
LunturYen lunturo wenterane
Ora koyo yen luntur tresnane
Tekan tekane atine
Koyo-koyo mung seksine dhewe
Ora sembada biyene
Samben dina mung tansah methukke
Saben kepethuk tembunge
Anggarepa dadiya dhuwekke
Mesti PenakMbok yow tow sing penak sing penak
Sabar o disek ojo kesusu
Percoyo aku cinta padamu
Tresnamu tak simpen neng njero atiku
Mesti penak tenan sedhep tenan
Kowe cah ayu dadi bojoku
Ojo kemayu manut o aku
Yen manut tambah mundhak ayu mu
Nagih JanjiUdan eluh tumetes ing wayah wengi
Kroso trenyuh rasane atiku iki
Iki tenan opo yo mung ono ngimpi
Ra tak nyono sliramu kok kroso bali
Ora salah yen sliramu nagih janji
Mung tekamu kok yo ora wingi-wingi
Aku bungah neng kudu kepiye iki
Saikine aku uwes entuk ganti
NgalamunNgalamun amergo atiku bingung
Turu dewe tanpo bantal tanpo sarung
Bantalku mung tangan
Kemulku mung roso sayang
Koyo ngene rasane wong kasmaran
Ngalamun saben dino nyawang wuwung
Arep seneng pungkasane dadi wurung
Awak kari balung lemes koyo tanpo sumsum
NoNo ora ngono
Sing tak karepke
Ora koyo ngono
Oh no ojo ngono
Yen wis ra tresno
Ojo ngumbar suworo
Sing apik kok lalekke
Sing olo kok critakke
Ojo DiplerokiDik dik dik ojo dipleroki
Dik dik dik ojo dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngeti coro
Ojo ditinggal kepribaden ketimuran
Mengko cek keri ing jaman
Mbokyo sing eling dik
Eling bab opo
Parang TritisRasane kepengin nangis
Yen kelingan Parangtritis
Atine koyo di iris
Naliko udan gerimis
Rabu wengi malam kamis
Ra nyono ra ngiro
Janjimu jebul mung lamis
Parangtritis neng kono wong manis
Penyiar RadioSuaramu pancen penak dirungokke
Gawe seneng uwong sing podho mirengke
Suaramu ora biso dilalekke
Senadjan aku mung krungu suarane
Penyiar radio aku matur nuwun karo kowe
Suaramu kuwi pancen nyenengake
Penyiar radio aku sabendino ngrungokake
Suaramu ora biso dilalekake
Prau LayarYo konco ning nggisik gembiro
Anglerap-lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Alon praune wis nengah
Byak byuk byak banyu pinelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Sampul SuratSepuluh tahun yang telah lalu
Di suatu pagi yang permai
Datanglah sepucuk surat yang telah lama ku nantikan
Betapa riang rasa hatiku
Tak dapat ku ceritakan
Segera ku buka sampulnya
Dengan penuh pengharapan
Tetapi apa dayaku
Sewu DinoRasane lemes awak iki
Koyo tanpo doyo
Naliko layangmu tak woco
Atiku koyo ra percoyo
Tak enteni rino klawan wengi
Suko manah nggonmu bali
Nganti ra kroso ueis sewu dino
Nggonmu pamit lungo
Stasiun BalapanNing stasiun balapan
Kuto solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Naliko ngeterke lungamu
Ning stasiun balapan
Rasane koyo wong kelangan
Kowe ninggal aku
Tanjung Mas Ninggal JanjiBebasan kaya ngenteni
Udan ning mangsa ketiga
Senajan mung sedela ora dadi ngapa
Penting iso ngademke ati oh
Semana uga rasane atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra krasa setaun kowe ninggal aku
Kangen kangene atiku
Teles GebesTeles kebes klambi sing tak enggo iki
Udan deres aku ra peduli
Mlaku tanpo payung mergo atiku bingung
Urip ijen tanpo bopo biyung
Nganti kapan kudu tak lakoni
Pacoban urip awakku iki
Seprene lawase aku urip dewe
Neng kene ora ono kancane
Wis CukupWis cukup nggonmu gawe gawe loro atiku
Wis cukup nggonmu gawe gawe nangis mripatku
Tak tompo ora popo
Aku ra ngloro ati karo kowe
Senajan aku kerep mbok larakke
Mung siji wedi sing tak pikirake
Aku ojo nganti ditinggalke
Bebasan nangis wis ra metu iluhku